Just stay and keep talking

Posts tagged ‘boso jowo’

Gallery

Permen Karet versi Suroboyo

Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.“He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok” jare Brudin.“Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek.” jare Wonokairun.“Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku.” jarene Brudin.“He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!” jare Wonokairun.“Arep laopo lho …?” jare Brudin bingung.“Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . “

Gallery

Nama Hewan versi Basa Jawa

1.Anjing: kirik

2.Ayam : kuthuk

3.Babi : gembluk

4.Badak : plencing

5.Bandeng  : nener

6.Banteng  : wareng

7.Bebek : meri

8.Belut  : udet

9.Buaya  : krete

10.Burung  : piyik

11.Cacing  : lur

12.Cecak : sawiyah

13.Celeng  : genjik

14.Emprit   : indhil

15.Gagak  : engkah

16.Gajah    : bledug

17.Gangsir : tlondho

18.Ikan kutuk : kotesan

19.Ikan    :  beyongan

20.Jangkrik : gendholo

21.Kadal  : tobil

22.Kambing   : cempe

23.Kancil : kenthi

24.Katak : cebong/precil

25.Kelelawar : kampret

26.Kepiting kali(Yuyu) :   beyes

27.Kerbau  : gudel

28.Kijang   : kompreng

29.Kucing : cemeng

29.Kuda   : belo

30.Kutu kepala:  kor

31.Laba-laba (Kemangga) : criwi

32.Lele : jabrisan/lendhi

33.Lintah : pacet

34.Lutung : kowe

35.Macan : gogor

36.Menjangan: kompreng

37.Mentok : minti/edel

38.Merak : ucung

39.Monyet : munyuk

40.Penyu/Bulus : ketul

41.Sapi : pedet

42.Semut ngangrang (S.merah) : kroto

43.Singa : dibal

44.Tikus  : cindil

45.Udang : grago

46.Ular  : kisi/ucet

47.Nyamuk : uget-uget

Sumber

Gallery

Nguntal Yuyu versi Suroboyo

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
“Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? ” takok Bunali.
“Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. ” jare Wonokairun.
“Lho kok isok ?” jare Bunali.
“Sing pertama mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun
“Lha sing kedua ?” takok Bunali
“Sing kedua mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun.
“Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan ” jare Bunalu kemeruh.
“Gak. Matine mergo tak gibheng.” jare Wonokairun.
“Lho opoko ?” takok Bunali.
“Soale gak gelem nguntal yuyu . . .”

Gallery

Nguntal Yuyu versi Suroboyo

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
“Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? ” takok Bunali.
“Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. ” jare Wonokairun.
“Lho kok isok ?” jare Bunali.
“Sing pertama mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun
“Lha sing kedua ?” takok Bunali
“Sing kedua mati nguntal yuyu. ” jare Wonokairun.
“Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan ” jare Bunalu kemeruh.
“Gak. Matine mergo tak gibheng.” jare Wonokairun.
“Lho opoko ?” takok Bunali.
“Soale gak gelem nguntal yuyu . . .”

Gallery

Kopi Luwak Alternatif versi Jawa

Ing sawijining dino, Martin mertamu ning ngomahe Erick.
Dheweke disuguhi kopi.
Sajake kopine enak tenan, soale Erick muja-muji ngalembana marang kopi sing disuguhake.
Martin banjur nyruput kopi amarga penasaran marang rasane.

Martin : Iki kopi apa tho kok rasane rada kecut?
Erick : Kuwi kopi istimewa, meh podho karo kopi luwak sing larang kae.
Martin : Woo ngono tho, kopi apa jenenge?
Erick : Kopi kucing, aku nggawe dhewe.
Martin : Gaweanmu dhewe tho, opo sebape diarani kopi kucing ?
Erick : Sebape diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, ning ben gampang aku nanggo kucing wae.
Martin : Kucing doyan kopi po?
Erick : Yo ora no. Kopine tak gerus rada kasar, terus tak campur iwak asin, bar kuwi lagi tak pakakke kucing.
Martin wetenge wes mulai mules.
Erick : Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing, banjur gerusan kopi disaring, dikumbah terus dipepe nganti garing banjur digiling meneh nganti alus. Lha iki sampeyan sing pisanan nyoba kopi kucing loh, wong urung tau ono sing tak suguhi kopi kucing. Aku dhewe arep ngrasakke ora tegel je. Piye Kang, enak ora rasane ?
Martin : asyuuuuuu …:(

Tag Cloud